Beksan Srimpi

Beksan Srimpi ing Kraton Ngayogyakarta, circa 1884

Beksan Srimpi inggih punika babagan ingkang dados sebatanipun tiyang èstri ingkang mbeksa wonten ing Kraton Ngayogyakarta. Semanten ugi kaliyan bedhaya saha dados sebutan kanggé tiyang èstri ingkang mbeksa wonten ing Kraton Ngayogyakarta.[1] Miturut RM. Wisnu Wandhana, srimpi inggih punika beksan putri ingkang dipunbeksaaken déning sekawan putri, minangka pralambang saking grama, angin, toya, kaliyan bumi.[2] Miturut Baoesastra Djawa, srimpi ateges lelangen beksa, ingkang mbeksa tiyang èstri cacahipun sekawan, amargi simpi punika gadhah ateges dasanama saking wanda sekawan.[3] Kajawi bedhaya, srimpi inggih dados beksa ingkang dipuntarekaken wonten ing pura, saha dados lelangen beksa klasik ingkang dipunngleluri amargi beksan punika kalebet beksan pusaka kraton. Beksan srimpi punika gadhah cariyos ingkang sami kaliyan beksan Bedhaya Sanga, ingkang nyariyosaken babagan akal kaliyan nepsu tiyang manungsa ingkang perang. Wonten ing sanèsipun, Kadipaten Pakualaman nyariosaken manawi beksan srimpi punika beksan ingkang dipunpentasaken wonten ing adicara sepekenan utawi gangsal dinten bibar adicara pawewahan ageng boyongan putri Pakualam dhateng Pakualaman. Beksan srimpi punika dipunpentasaken kanggé adicara mangayubagya resepsi kados tradisi Kasunanan Surakarta.[4]

  1. Anton M. Moeliono via Soedarsono, dkk. 2000. Misteri Serimpi. Yayasan Untuk Indonesia
  2. RM Wisnu Wardhana.1981. Macam-macam Jogèd Tunggal, Beksan, dan Jogèd Sakral Gaya Yogyakarta dalam Mengenal Jogèd Klasik Gaya Yogyakarta. Percetakan Ofset Liberty
  3. Kodhe basa ora trep.Poerwadarminta.1939.Baoesastra Djawa. J. B. Wolters Uitgevers Maatschappij
  4. Nyi M.T. Probomatoyo. 2011. "Warnasari Sistem Budaya Kadipaten Pakualaman". Trah Pakualaman Hudyana

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy